Contoh Pidato Bahasa Jawa



Asslamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken acara perpisahan….

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas 9 atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk STTB

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas 7 tuwin kelas 8 sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Kula sarancang kelas 9 ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saha adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.(AMIN)

Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.
Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 comments:

Post a Comment